data-ad-format="auto"

Ampuh endi?

Di sebuah warung kopi di pinggir sungai dengan ditemani tangis sendu dari langit pada dini hari 1 oktober 2016 membuat salah satu penikmat kopi bernama "PS" dkk dengan pringisan membuka rasan-rasan pada malam itu.

PS: udane rek ngilingno aku 51 tahun lalu. ( sambil nyeruput kopi lagi )

KPT : haahaa... Emange ono opo 51 tahun lalu iku...?

PS : awakmu iku pancet ae...  Gaya mu iki koyo kuro kuro njeroning prahu ( pura-pura tidak tahu ). 50an tahun yang lalu aq awakmu iki nyileh" jeneng ku gae ngelegitimasi kelakuan bejad mu. Iling opo ora koe saiki? ( sambil sendiki menambah volume suaranya )

KPT: haaahaaa ojo banter" ora penak karo sebelah iki lo.. Heeheee

KMN : cuk...asuu...!!!

PS & KPT : wkwkwkwkwkwk...

PS : ojo ngunu ta cak KPT.... Cak KMN nesu iku lo...

KPT : yo sepurane.... Cuman neg tak iling mane iku yo lucu yoan ..... Uwong kok pengen sama rasa sama rata iku lak yo ngelawan kodrat alam se... Urip iki rejeki ne bedo" sesuai dengan kinerja lan usahane masing". Sing usahane gede olehe gede, seng cilik yo cilik lak ngunu ta cak PS.

PS : iyo cak

KMN : he cok... Eh...cak KPT sampean iku ngertio aku ngelakoni ngunu iku kerono aku iki yo khawatir karo sampean seng terlalu serakah iku sebab e aku kudu kuasa sedurunge sampean. Neg samean seng kuasa dadi opo urip iki dipimpin wong serakah koyok sampean. Seng onok wong kere tambah dadi luwih kere.

PS : haahaa coba sampean ndisek berjuange ngae cara ku cak KMN, pasti berhasil

KMN : berhasil apane caramu iki terlalu angel cak PS gae di praktekno nang negoro seng rakyate wedi keluwen iki

PS : sampean iku yo opo se...sampean iku gk iling ta coroe samean di gae uni soviet yo gk kelakon bahkan gk 70 tahun negoro e wes pecah gk karu-karuan. Beda ambek aku masio wes 71 tahun tapi sek di gae coro ku neg negoro seng jaremu rakyate wedi luwe iki

KMN : iyo cak tak akoni iku. tapi cak , sampean ojo menyombongkan diri disek. Sampean ancen ampuh sampai 71 tahun, tapi opo yo bene iku carae samean? Iku kan carae cak KPT nyilih jenenge sampean. Lagian cak PS, sampea. 51 tahun yang lalu iku yo ora ampuh" banget kok neg ora di tambahi kata "pemuda" nang ngarepe jenenge sampean. Hihihii

PS : lho lho lho ojok pringisan awakmu.... Njaluk kedaden mane ta awakmu iki peristiwa 51 tahun ndisek??!!

KMN : lho neg sampean nantang, oke. Tak siapno mane pasukanku!!!

AGM : uwes cak uwes... Sampean iku  ojo podo geger ae.... Di guyu cak KPT iku lo. Ora isin ta sampean?. Ngene lo gak PS sakjane iki aku yo ngakoni kok neg corone sampean seng limo iku tenanan kelakon sampean ora ampuh mane tapi iso digdaya sampean jadi ono benere jare cak KMN iku.

KMN : rungokno iku ..... Ayo njaluk sepuro!!!

AGM : sampean pisan cak KMN uwes to ora usah ngongkon njaluk sepuro. Neg pengen dadi uwong seng mulyo iki sepuranono sak durunge wonge njaluk sepuro. Gae cak KPT.... Ndang lerenono cak kelakuan apus krama mu iku. Negara mbok dadikno alat penindasan, bank mbok dadikno markase perampok, sekolah mbok dadikno pabrik kebodohan, globalisme mbok dadikno siasat penjajahan, humanisme mbok dadikno strategi perbudakan, moderenisme mbok dadikno penghancuran kebudayaan. Trus opo mane seng arep sampean garap?

KPT : haahaaa seng penting masyarakat seneng ambek aku buktie akeh wong nyileh duit nang bank masio bungae gede. Buktie akeh arek sekolah masio nang sekolahan tak dadikno mesin gae industri ku kelak. Buktie rakyat yo biasa" ae masio negoro gak isok ngurusi freeport seng tak perkosa. Wes to jane seng ampuh iki aku haaahaaa

KMN : emane....
PS : asuuu....
AGM : astagfirullah....


0 wicara:

 

ANDA PENGUNJUNG YANG KE

IKLAN

TRANSLATE